Jumat, Maret 15, 2013

Tugas Bahasa Jawa IX-7


“Raden Permadi, Nom-nomane Janaka”
(Satriya tanpa cacad baguse uleng-ulengan)

Raden Permadi, Premadi utawa Pamade iku nom-nomane Arjuna satriya Panengah Pandhawa, putrane Prabu Pandhudewanata. Permadi iku satriya bagus tanpa cacad. Kasektene pilih tandhing. Mangka bisa mabur lan bisa ngilang, pusakane pirang-pirang, ampuh kabeh. Uga dhemen ulah tapa lan ngangsu kawruh. Watak watune andhap-asor, ora seneng ngumumake kaluwihane, lan dhemen tetulung marang sapadha-padha, tur tansah ngayomi marang sing ringkih. Mula iku, akeh sing nresnani. Garwane pirang-pirang. Ana lima sing dianggep onjo sinebut-sebut lan cinandra kanthi becik ana ing Serat Candranini yasan pujangga Mangkunegara IV, yaiku Wara Sumbadra, Dewi Manohara, Dewi Ulupi, Dewi Gandawati lan Wara Srikandhi.
          Sipat-sipate Permadi sing andhap-asor, seneng tetulung lan mbangun turut ngestokake dhawuh iku, bisa diwuningani antara liya ing lakon Bima Bothok utawa Bima Bumbu. Ing lakon Kangsa Adu Jago, Permadi mbantu Brastasena ngalahake Suratimantra, sarana nyelupake kerise kang ampuh ing banyu sendhang kang dadi sumber uripe buta gedhe surasekti kuwi.
          Nalika iku Prabu Anom Kangsa wis bisa nangkep Kakrasana lan Narayana, nanging kanthi sesidheman dipanah dening Permadi, saengga Kakrasana lan Narayana ucul, banjur merjaya Kangsa. Permadi uga tau meguru marang Begawan Padmanaba, kang uga gurune Narayana.

[+/-]

Tugas Bahasa Jawa IX-7

 

Fika Stefani Auliya. Design By: SkinCorner